Minggu, 28 Agustus 2011

" PUSAKA LELUHUR ": "SUNGSANG BAWONO" By Panembahan Rama Madiun

Bung Karno Presiden RI ke 1

"SUNGSANG BAWONO" By Panembahan Rama Madiun 

 ( Minggu, 28 Agustus 2011 - PUSAKA LELUHUR )

SUNGSANG BAWANA BALIK
RAMA SABDA PALON NETEPI JANJI
RAMA SOEKARNO NETEPI JANJI

Eee lae lae kae... mbregegeg, ugeg-ugeg sadulito...
Hmel hmel hmel..., jantraning jagad wus pinasthi.
Ubenging Cakra manggilingan
Garising lelakon bakal tumiba
Sapa lena bakal binanda
Sapa lali bakal keli
Jagad isine mung angkoro
Kang hingoyak mmung hanumpuk bandha
Datan eling Purwa Madya Wasana
Kabeh padha ngaku bener sejatine keblinger
Wong jujur kojur
Wong lugu kepalu
Wong ngaku alim nanging pulasan
Jagad anyar bakal ginelar
Tekane jaman kesucian
Tekane pengadilan Gusti
Sungsang bawana balik wis kawiwitan
Miwiti owah owahane jagad
Ngiles nglebur angkara murka
Mangan ati kaya nyibak banyu segara
Mula prayoga den eling lan waspada
Sabar narima welas asih mring sapadha padha

( Panembahan Rama - Padepokan Tajul Muluk - Kahuripan - Madiun )



Tidak ada komentar:

Posting Komentar